S U A R A D J O G J A

Ngerteni Mongso Kapat: Wayahe Gunungkidul lan Kiwo Tengene Langganan Krisis Banyu Miturut Pranotomongso




GUNUNGKIDUL, http://Suaradjogja.com – Neng tengah krisis banyu resik sing nglondo Gunungkidul, DIY lan sak kiwo tengene, tanggalan tani asli Jowo, Pranotomongso, ngandani penjelasan sing klop.

Nek manut pakem Pranotomongso, tanggal 9 Oktober 2026 iki mlebu dina ke-21 Mongso Kapat.

Neng Serat Pranotomongso tinggalane Karaton Yogyakarta, Mongso Kapat nduweni candra _Waspa Kumembeng Jroning Kalbu_. Tegese, sumber banyu wiwit ngrambes neng jero kalbu bumi, nanging durung metu neng ndhuwur. Neng mangsa iki sumur-sumur do asat lan belik-belil do cilik.

Mongso Kapat dewe dumadine 25 dina, wiwit 19 September nganti 13 Oktober. Miturut adat, petani pancen ora oleh nandur pari neng wektu iki mergo lemahe isih panas lan nelo.

Kahanan iki jumbuh karo kalender mangsa. Mlebu awal Oktober, wilayah DIY pancen isih neng pungkasane mangsa ketiga sadurunge mlebu rendeng.

Miturut itungan, 4 dina meneh utawa pas 14 Oktober sesuk, bakal mlebu Mongso Kalima. Mangsa Kalima nduweni candra _Pancuran Mas Sumawur Ing Jagad_, sing ditandai karo mudhune udan pertama, laron podo metu, lan petani wiwit ngluku sawah.

Pranotomongso kui sistem tanggalan tani Jowo sing digawe adhedhasar lakune srengenge lan dibagi dadi 12 mongso. Nganti saiki, pathokan iki isih dienggo petani neng Gunungkidul lan nelayan pesisir kidul nggo netepke wayahe tandur lan melaut.

Pranotomongso; kui itungan penanggalan asli wong Jowo — dudu itungan Weton, dudu itungan Pasaran, tapi itungan mangsa / musim kanggo patokan tani lan nelayan jaman mbiyen.

Digawe adhedhasar peredaran srengenge, dudu rembulan. Setahun dibagi dadi 12 Mongso, jumlahe 365 dina.

1. Kasa (23 Juni - 2 Agust) 41 dina - _Wisilaning godong, kayu-kayu do nggarang._ Mangsa ketiga, lagi panas-panase.

2. Karo (3 Agust - 25 Agust) 23 dina - _Palawija tuwuh, lemah nelo._ Wiwit nandur palawija.

3. Katelu (26 Agust - 18 Sept) 24 dina - _Suta manut bapa, asat._ Sumber banyu asat.

4. Kapat (19 Sept - 13 Okt) 25 dina - _Waspa kumembeng jroning kalbu, kemarau._ Mancing e wiwit angel.

5. Kalima (14 Okt - 9 Nov) 27 dina - _Pancuran mas sumawur, mulai udan._ Udan pertama, petani wiwit nggarap sawah.

6. Kanem (10 Nov - 22 Des) 43 dina - _Rasa mulya kasucian, udan deres._ Mangsa rendeng, nandur pari.

7. Kapitu (23 Des - 3 Feb) 43 dina - _Wisa kentir ing maruta, udan gedhe + angin._ Puncake rendeng, akeh banjir.

8. Kawolu (4 Feb - 1 Maret) 27 dina - _Anjing guling, kucing kawin._ Pari wiwit jebul.

9. Kasongo (2 Maret - 26 Maret) 25 dina - _Wedaring wacana mulya, panen._ Wayahe panen raya.

10. Kasepuluh (27 Maret - 19 April) 24 dina - _Gedhong minep jroning kalbu, gabah mulai ditimbun._ Panen meh rampung.

11. Desta (20 April - 12 Mei) 23 dina - _Sotya sinarawedi, terang._ Akeh manuk do nyebar.

12. Sadha (13 Mei - 22 Juni) 41 dina - _Tirta sah saking sasana, adhem._ Mangsa bediding, adhem banget isuke.

Saiki isih dienggo petani Gunungkidul & pesisir mas, gawe ngetung kapan nandur, kapan panen, kapan ojo melaut.


_Red, Supadiyono/ mengutip saka berbagai sumber_
_________________________