_Catatan Lapangan: Supadiyono_
Wong Gunungkidul apal banget karo tembung iki: *Larang Banyu.*
Ora larang regane tok, nanging larang golekane. Taun 2026 iki, ketigone dowo ngluwihi biasane. Labuh Kapat wis arep mlebu Kabuh Kalimo, nanging langit isih biru, mendung mung liwat ngguyu.
Neng ndeso-ndeso, lemah do mletek. Koyo kulit macan. Sawah mung kari bonggol damen sing garing, tanduran jagung, kacang, telo, podo lungkrah kepanasen. Kebon-kebon do gundul.
*Eling Jaman Colt Wowangan Taun 90 an merono*
Aku eling taun 1979 tekan 90-an. Isuk jam 5, simbah-simbah lanang wedok wis podo antri neng sendang utowo tlogo Mikul jerigen kuning, mlaku mudun munggah watu karst sing lancip, mung nggolek sak ember banyu buthek.
Sing sugih sitik, iso nyewa _Colt Wowangan_. Mobil bak terbuka sing diisi drum-drum tilas wadah minyak. Muni banter nggereng-gereng munggah gunung, nggowo banyu larang. Siji drum regane iso nggo tuku beras sak kilo. Ora kabeh wong kuat tuku, mergo wektu kui ekonomi iseh carut-marut. Wong-wong mung ngandalke hasil tani, duit angel golekane.
Saiki, taun 2026, kahanan wis bedo. Wis ono PAM deso, wis ono PDAM sing mlebu ndeso. Nanging banyune mung cukup nggo ngombe lan adus. Ora wani nggo nyiram tanduran. Lemahe tetep garing.
Sing durung kecekel pipa, nasibe podo karo mbiyen. Tuku banyu tangki. Siji tangki 5000 liter regane roto-roto 150 ewu. Kanggo wong tani, kuwi larang banget. Untunge saiki akeh bantuan, teko Pemkab, teko TNI-Polri, teko komunitas-komunitas apik sing podo peduli.
[Intine senajan angel banyu iseh iso di upayakke Kanti gampang, yokui nunggu entuk bantuan utowo tuku tanki].
*Kewan Podo Sesambat*
Sing paling nelongso dudu mung menungso.
Manuk-manuk alas sing biasane rame cicit-cuit, saiki meneng. Pakan neng alas entek, godong podo garing, woh-wohan podo rontok. Wedus lan sapi neng kandang, saben dino mung mangan damen garing sing atos koyo triplek. Awake kuru, matane sayu.
Alas Gunungkidul sing biasane ijo, saiki coklat. Panase ngentak-entak.
*Saka Panggung Joget Dadi Pangarep-arep*
Nanging neng tengah nelongso iki, ono crito apik teko Alun-alun Wonosari.
Jumat bengi wingi, pas HUT Gunungkidul sing kaping 196, Bupati Endah Subekti Kuntariningsih ora mung pesta-pesta. Neng panggung hiburan sing rame, beliau ngajak kabeh wong sing nonton, sing nyanyi, sing joget, nggo urunan.
Saweran.
Duwit receh, duwit abang, duwit biru, dikumpulke dadi siji. Ora nggo tuku kembang api, nanging nggo tuku banyu kanggo sedulure sing neng pucuk gunung lagi ngelak.
Saka joget lan tawa bengi kuwi, kekumpul Rp124 Juta.
Gunungkidul cen ayu. Ayu wonge, ayu atine. Senajan ketigone mletek, nanging gotong royonge ora tau garing.
Mugo-mugo udan ndang teko. Mugo-mugo banyu resik iso mili tekan saben omah, tekan saben sawah, tekan saben kandang.
Amiiin.
---
#gunungkiduhandayani
#gunungkudulayu
#ketigodowo
#ceritajawa